5 Hal Sing Bisa Kowe Lakokna Nek Lagi Gabut  - Weit halo broh, ketemu karo nyong, admine kie. Koe mesti cokan bingung nek lagi gabut arep ngapa, arep turu mbok kaya kebo, arep mangan mbok kaya wedhus, arep mbojo langka sing gelem eh. Ngapurane bro guyon tok :v . Lha nang artikel kiye inyong arep ngaweh ngerti ming kowe-kowe pada apa bae sing bisa kowe pada lakokna nek koe ngerasa gabut. Cekicrot!



1.) Ngumbaih Piring
Hasil gambar untuk cuci piring

Nah kie saran sing pertama, ya ketimbang gabut ora ngapa-ngapa mending ngerewangi biyunge utawa ngerewangi rewang ngumbaih piring. Lumayan men gabute mandan barokah.  Nging ana syarate nek koe arep ngelakokna saran kie. Bisa ngumbaih piring ora? Kari ora bisa bali bae nganah :v



2.) Ngempani Wedhus

Hasil gambar untuk gambar lucu kambing

Rika jomblo? Kesepiyan? Lah saran kie saran paling pas nggo rika-rika sing pada solo player utawa JOMBLO wuahahah. Ketimbang rika njagong nang ngarep umah tongkrongan mbok kelabas ngising mending rika ngempani wedhus bae. Wedhuse bisa nggo kanca, apa mbok menawane rika kepincut karo wedhuse terus mbojo eh wuahahh.

Lah terus nek nyong ora duwe wedhus kepriwe kang?
Ya nggolet bojo bae mending.


                                                    

3.) Nggolet Bojo

Hasil gambar untuk gambar pacaran lucu

Yak nyong wis ngomong nang saran seurunge, mbok menawa rika ora duwe wedhus ya mending golet bojo bae. Wis.

                                

4.) Madang tur Medang

Hasil gambar untuk gambar makan lucu

Madang lan medang bisa dadi alternatip nggo rika-rika pada sing lagi gabut. Wedhi lemu? Nggo ngapa wedi lemu lur, lemu kuwe pratanda nek rika makmur……awake *lunga*. Miturut fakta penelitiyan ngapak riset center madang lan medang kuwe penting nggo awakmu, utamane nek rika lagi kencoten, uga nggo ngisi weteng sing kosong.

          Lha nek sing kosong atine nyong udu wetenge nyong priwe kang?
          Melu tek mi ot bae nganah mayan nek ora olih bojo ya paling ora olih dhuwit


                                    
5.) Maca Qur’an

Hasil gambar untuk baca alquran

Lha sing kie siji-sijine saran sing bener lan kudu rika lakokna :v



Yaaak e. Cekap semanten atur kawula… Lha deng kaya maca sesorah kang . Lah iya salah, semene disit saran-saran sing penuh guna sekang ngapak riset center. Moga-moga akeh manfaate, nek langka manfaate ya moga-moga seneng, nek ora seneng ya dupak sisan. Bhayyy!